Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2019

Sri Gandana

Dhandanggula Pamedharing wasitaning ati, cumanthaka anelat kang wignya, amudha punggung jatine, saking drenging kayun, angrempaka sinawung gendhing, Macapat mrih cepeta, dene kang ingapus, warna ingkang catur wanda, dunungira jro garbanira ing jalmi, catur sami brawala. Ping kalihnya catur wanda jawi, bumi geni angin lawan tirta, alam jember saisine, samya kapetha ratu, angrehaken samaning aji, prajanya sowang-sowang, jejernya ing ngayun, wonten sajuga narendra, kasubing rat kalangkung aguna sakti, angreh samining raja. Sasra ratu ageng manca warni, bangsanira ugi neka warna, sumiwi atur bektine, jujuluk sanga Prabu, Pramusisa prajanireki, raja dhi pramudhita, kalangkung gengipun, tanpa tepi jajahannya, panjang punjung pasir wukir loh jinawi, agemah tata arja. Sri Narendra Pramusisa asih, apracaya mring Prabu Maruta, kinarya senapatine, pancawasta sang prabu, Sindugangga kalangkung sakti, ratu marentah raja, gul-aguling kewuh, mangkya uger uge